Tinggalkan komentar

Slamete Manungsa

Satuhune selamete manungsa saking fittuddunya, lan alane dunya iku arep nglakoni patang perkara :

Ingkang dhihin : arep ngapura maring bodhone manungsa ing sira saking olehe ora kurmat maring sira lan ngapura saking olehe gawe susah lan gawe larang, karana saking bodhone. Lamuna ora bodho yekti ora gawe kaya mangkono.

Ingkang kapindho : Arep nyegah sira ing awak ira aja nganti bodho maring haq manungsa. Mula dadi ora ngina-ina sira ing manungsa, lan ora gawe susah sira ing manungsa. Alhasil, sira weruha haq-e manungsa kelawan arep sira hormati, sir kramani lan ngapura sira ing bodhone manungsa maring sira ing dalem olehe ora hurmat utawa ora krama, karana saking bodho ne ing haq ira.

Kaping telu : Arep putus sira lan aja ngarep-arep sira babar pisan ing pawewehe manungsa maring sira

Kaping pat : Arep ana-a sira iku ahli weweh maring manungsa. Alhasil ana-a sira iku aweh maring manungsa, aja ana sira iku njejaluk ing manungsa, mengkono aja. Mula tatkalane nglakoni sira ing patang perkara iku, mula ana sira iku den kasihi dhening manungsa, mula dadi slamet saking alane manungsa. Lamun ora nglakoni sira ing patang perkara iku, mesthi sira padu tuku maring manungsa. Mula dadi hasil fittunnasyi.
Lan setengahe wasiyate perkara Auliya’ullah taala ingkang sangang perkara iku ngaji ilmu Nafi’ lan yaiku arep ngaji ilmu telung perkara.
Sawiji : ilmu ingkang ngesahaken ing ibadah.
Kapindho : ilmu ingkang ngesahaken I’tiqat.
Kaping telu : ilmu ingkang bagusaken ing qolbu rohani.

Lan ngajiya sira syaalik ing ilmu ingkang dadi ngesah aken ing ibadah ira dhohir lan ngajiya sira ing ilmu ingkang ngesahkan ing i’tiqat ira, lan ngajiya sira ing ilmu ingkang bersihaken ing ati. Mula nggosoka sira ing ati nira kelawan ilmu iki, mula men¬corong atinira. Artine wajib sira syaalik arep ngajia ing ilmu ingkang dadi bisa ngesahaken ing ibadahira, sholat, wudu’, adus jinabat, puasa, zakad, haji lan endi-endi ingkang sira lakoni wajib ngaji ilmune kaya nikah lan ba’i’. Mula saben-saben wong mukmin melua apa mad’habe ing dalem ilmune syari’at lan ora wenang metu saking mad’hab papat lan ora wenang melu mad’hab liyane papat al masyhur. Lan malih wajib sira ngaji ilmu ushuludin, yaiku ilmu ingkang ngesahaken ing dalem i’tiqat ahlussunnah, aja nganti mengo i’tiqade wong Mu’tazilah lan pula sifat mujassamat. Lan wajib malih ngaji ilmu ingkang bersihaken ing ati saking pekerti ingkang ala-ala kaya kibri lan riya’ lan hasad lan karash ngrangsang dunya lan liyan-liyane saking pira-pira amrodhil quluub. Mula wajib ngajia nunjiyat lan muhlikat.

Ana dene ngajine ilmu telung perkara iku fardhu ain ing atase saben-saben mukalaf lanang wadon. Mula ta ngweruh ana sira ing ilmu telung perkara iki lan nuli nglakona sira kelawan ilmu telung perkara iki. Mula hasil sira slamet ing dalem dunya lan akhirat, lan hasil kaluhuran ing dalem akhirate, yakni artine : Satuhune ngaji iku telung perkara ilmu furuu’us syari’at supaya sah ibadahe, wudzune, sholate lan sujame. Lan endi-endi kelakuan ingkang den lakoni iya wajib ngajine lan ilmu ushuulus syarri’at, ilmul’aqaa’id ingkang seket lan ilmu bersihaken ati. Ana dene telung perkara iku fardhu ‘ain. Ngajine ing atase saben-saben mukallaf. Mula lamun wus weruh nuli lakonana, karana ora bisa slamet wong ilmu nanging arep nglakoni ilmune. Lamun ora nglakoni ilmune, tumiba ing dalem kerusakan ing agung. Lamun dilakoni ilmune, hasil slamet lan hasil kamulyan dunya akhirat.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: